Kaca:Sapu.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Kasiram tumetesing banyu bening
Sumrambah ing sakujur awak
Mbalung kulit sliramu tansah ing atiku

Tajeming katresnanmu
Kaya pedhang Banaspati
Mbabat saranduning pepalang
Dadi pangayoming kabeh lelakon
Nuwuhake katentremaning ati
Marga kasetyanmu mring sliraku
Tanpa kendat manut ilining wektu


EMPYAKING URIPKU

Sore iki dak sawang empyaking donya
Ing ngisor tlatah endi wripku
Kalukisake kemul langil awujud Baladewa
Kasorot angsluping jagad raya
Bapa biyung tak eling-eling sliramu
Nalika cilik nganti weruhing donya
Ing tlatah kulon kana kae

Biyung
Sliramu wis wutah rah
Mutahake amuk nalika aku luput
Nganti ngiris-iris ati iki awit Pangrengkuh setyamu
Easetyanmu ngluwihi Baladewa
Kang temen tresnaning marang garwane

Bapa
Sliramu tansah dak junjurng dhuwur
Kanthi pakaryan kanggo uripku
Baladewa sumrambah sakjroning atiku
Amerga sipatku tumurun saka bapa biyungku

29