Kaca:Sapu.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Desi Indriyanti
SMA Negeri 1 Sentola

MANUNGSA AMARA

Katon ana manungsa kancil
Pinter sak dhuwur empyaking donya
Adiwignya adol swara
Gumedhe marang manise janji
Nanging ora bisa selak
Kancil ikw julig adiwignya

Mrithilake atining manungsa
Kang mung nampa janji-janji
Karepe gur aluamah
Numpuk rajabrana sakkolah
Kaya-kaya luput saka pati
Dumeh omah sundhul langit
Klamben jas mlithit senajan rupa kethek

Suwara mecahake antenging swasana
“Titenana dhapurmiu bakal dak cacah ajur”
“Dumeh penggedhe banjur sak enake dhewe”
“Omang manis kebak janji”
Apa betah danya kok idak?

KASETYAN

Sliramu tansah ngetok ing telenging atiku
Ngukuhke tumanceping pathok tresnaku
Katon asri sakjroning urip iki
Kaya semining kembang mathi

28