Kaca:Sapu.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Heri Rusmanto
SMK Negeri 1 Panjatan

KANCIL APA MUNYUK

Kelakuanmu tansah ngumbar janjimarang sakpadha-padha
Kasetyanmu mung kaucap ing lambe
Dhasar kancil tipis lambene
Mesem seneng yen kancane sengsara

Samono uga kowe munyuk
Ra ana bedane karo kancil
Mblenjani janji wis mesthi
sakpadha-padha dicilakani
Menawa manungsa padha niru
Bakal dadi apa donya iki


TOYA

Yen sathithik migunani yen akeh mbebayani
Padha nelangsa, yen ora ana ing donya
Kagunanmu kanggo kabeh manungsa
Tanpa sliramu ndonya sengsara

Tetesmu nguripi jagad raya
Gawe tentrem ati akeh piguna
Elinge para jalma
Aja padha siya-siya marang toya
Yen siya-siya bakal nglalap donya iki
Eling ... eling ...

23