Kaca:Sapu.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

SAPU

Saben esuk mlaku ngubengi omahku
Ora lali ngajak aku
Srak srek kuwi lakumu
Katon asrep panyawangku
Malika ngerti polahmu

Ora wedi marang bebarang sing neng ngarepmu
Kena reget lan latu ora dadi masalah
Ora tau sambat yen lagi sayah
Sanadyan regamu mung murah
Nanging bisa gawe panyawang asrep lan ati bungah


JAMAN SAIKI

Jamane wis kuwalik
Raja dadi musuhe para kawula
Buta galak dadi pemimpin kang misuwur
Para pandhita dadi pangayome para kawula dhuwur
Aprajurit Rama dinuta Rahwana
Ngobrak-abrik isining Nagara

Bagong mung isa mlomplong
Ngematke kahanan kang kaya geri diobong
Para punggawa nagara padha rebutan pangkat
Ora mikirake nasibe rakyat
Sing sugih saya sugih sing milarat dadi saya mlarat
Bathara guru ilang suwarane

Mikir bumine kang saya nyengsarakake
Kang marakke ati dadi sayah
Lan pikiran uga dadi bubrah
Mikir jaman saya ra karuwan
Nganti marakke angel ambegan

22