Kaca:Sapu.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

GATHUTKACA

Satriya Pringgadani
Pancanakane ngadegke surya
Jangkahe anyenyengkar tumindak tan becik
Tansah dadi panutaning para jalma

Nanging iku amung ana ing pawayangan
Kang dadi angen kabeh jalma
Mula iku kawula mudha
Dadiya Gathotkaca ing megari iki
Kang migunani marang sapadha-padha


JANJI KATRESNAN

Tresnaku dadi ratu ing ati
Tansah dadi kuncining uripku
Katon nggreges dhadha iki yen kelingan
Geni tresna kang tansah murub

Krasa tentrem uripku yen nyandhing
Takkrangkeng terus ana ati
Takjaga temenan tekan entekning urip iki
Mula aja mblenjani janji

Janji sakral kang kaucapake saka lathi
Takcekel lan kaukir ana ati

24