Kaca:Sapu.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Mei Nur Dial
SMA Negeri 1 Garping

KAYA KANCIL

Kaya kancil lelakonmu
Mung lamis anggorumu ngomong
Pinter yen kon ngapusi kancane
Ngumbar culika marang liyan
Ora mikirke atine wong liya

Lara ati yen ana liyan menehi piwales
Piwales kang marakake ngremukke atimu
Merga tipis lambemu
Kang gawe serik liyan


TRESNAKU

Tresnaku kayata gelas kang diisi banyu
Ora bakal mlayu saka njero atimu
Tresnaku kayata banyu ing njero gelas iki
Bening resik lan suci

Tresnaku kayata tisu kang kena banyu
Rumambat saka atimu tekan atiku
Tresnaku kayata kertas kang diobong dening geni
Saya suwe saya gedhe tekan pucuking ati

Nanging tresnaku uga bisa sirna
Nalika sliramu ora bisa njaga
Gelas iki yen tiba bakal pecal,
Lan tresnaku uga bakal wutah

21