Kaca:Sapu.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Kenes ora ethes, primbon ala jiwa salira
Dhuh Ibu ngapuranana anakmu

Yen wektu bisa dakundur adoh
Takbali nandhang susah ketahan panyirep
Umpamane wae wasis
Saderma narima wae wus cukup

LARA MEKSA ORA TIBA

Cupete rasaku agawe mati pikirku
Byar pet banjur peteng tanpa cahya
Samubarang pati-pati dakgatekke
Kebacut cidra, wis pegat tan kangelan

Sayah, salira tegel banget
Kasunyatan dadi memungsuhan ora kuwat
Yen ngono ya wis, dosaku ya dosaku
Dosamu ya dosamu

Ora susah kakehan pamicara pacelathon ala
Sing wis bubar ben dadi pepeling
Patrape kang ala tulung apurana
Menawa apik muga dadi ganjaran miguna

Dhuwur banget impen sira
Durung-durung wis matur bapa ibw
Antebe ora imbang karo karepe atiku
Urusana urusanmu dhewe, aku bisa tampa awakmu

Neggresulaa timbang nglarani wong liya
Ora apa-apa mungkir ing kaluputanmu
Senajan kebak lara meksa ora tiba
Yen bisa ngadeg, awak tetep bisa jejeg.

18