Kaca:Sapu.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Dhuh kakang aku njaluk pangapuramu
Aku iki ya mung manungsa biasa
Kang ora luput salah lan dosa
Kebak lelakon ala, ora tak gatekna

Tegel temen jebul awakmu
Medhot kekancan, cidra ing janji
Janjimu ngono dadine ngene, mencla-mencle
Ora karuwan, pating blesar desaku gumelar

Piye arep tak lalekake
Rina lan wengi wae keprungu swarane
Sawayah-wayah mesem seneng sajake
Dhuh gusti aku bingung campur isin

elara-lara kaya ora kuwawa
Pisan seneng lara branta
Pindho nggayuh kelakon sawiji
senajan pangrasa dosaku sak gunung

SADERMA NARIMA

Konangan sesondheran kacingkrangan
Wigatosing gati kagepok kasunyatan
Kawuningane nimbruing ing pikir
Ginawe klambu kang ruwel saya ruwet

Gumebyare wengi katon sepi
Neggambarake anggonku ngudi ngelmu
Keprungu pating jlerit bengak-bengak
Tanpa Gusti katon padha sembrana

Jan-jane impenku sadawa-dawane
Ora cukup sadhuwuring cagak
Ora cukup sajembaring empyak
Nanging impenku sadhuwuring langit sadawaning jagad

Bapa Ibu, ngertiya anakmu celelekan
Sawayah-wayah gaweyane mung pacaran

17