Kaca:Sapu.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

TERWELU

Wasis temen sliramu iku
Malumpat mrana-mrene sakarep dhewe
Ora ngetung wayah, ora sambat sayah
Pepesthenmu nganti-anti paduka aweh brana

Lakumu gambaran laku uripmu
Kabejanou luwih gumantung sliramu
Yen keplenet meksa isih bisa mrucut
Tumapaking nipak najan ora antep

Njegrag belang wulumu mbradhul
Dawa ngadheg dawa pamirengmu
Tlapak dawa cagak awak kurumu
Jingklak-jingkhk ithak-ithik

Ngendhus-endhus samubarang dokkira panganan
Amba ciut katon tetep sumringah
Pamujiku rerasanku ora keprungu
Takgetak plencing mlayu keweden sira

Owalaaah ... terwelu-terwelu
Sliramu luwih beja katimbang aku
Kepeksane pati anyegat liwat
Drajat mulya nganti-anti drajat luwih wtama

LINTANG

Pating krelip kuwasa Paduka
Sumebar rentep adoh-adoh
Cahyane dadi endahing wengi
Sanalika srengenge pamit tumuju latri

Sliramu maneka warna
Daksawang katon sewu rupa
Kelap-kelip tambah adoh pinuju rina
Ngudi kuwasa Panjenengane Kang Mahacipta

19