Kaca:Sapu.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

PETENGE ATI

Rasane kadhang ora karuwan
Ragaku anteng tanpa owah
Mung rasa sepi kang mrambat
Kaya-kaya arep palastra

Sepi ing pamrih tame ing gawe
Dumadakan njedhul banjur ilang
Nyenyet maneh tansah sumimpen
Njalma alus kaya-kaya nyeret nyawaku

Cumloroting cahya yayah rina
Medeni atiku kang mbanyaki
Sliwar-sliwer suwara tumpakan modheren
Nggawe batinku tambah ndhedhet

Apa ta karepe sliraku
Kena apa pita iki ora nyuwara blas
Kebribenan, kagol banjur ngrendhet
Gela campur isin rasaku ampang

Mbuh neng endi gumantunge batin
Tak brastha meksa ora bisa
Arep tak ronce gegamaning rasa
Nanging cadhong ati kadhung ketekan pati

SEPURA KANGMAS

Keprungu mung dhag dhig dhug
Anggambarake gelane atiku
Mung latri kang katon bungah
Pating cemlorot lintang sumebar

Sitaresmi ngajak seneng rasane
Ning apa ra bisa tokgagas penjalukku
Katon klakep lambeku kaya kagembok
Sanajan wus tak jajal nyuwara nanging ora bisa

16