Kaca:Sapu.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

TRESNAKU

Wiwit tresna mrambat ing balung sungsum
Pangrasaku kaya mumbul ing awang-awang
Kaya warih kang trus mili tampa kendhat
Tansaya suwe subur ngrembaka rungkut

Cep klakep lambe iki kemunei nalika sliramu ngucap
Tresnamu mung kanggo aku
Tresna suci lan murni
Jiwa bombong salira mak plong

Jebul mengkono werdine tresna
Keprungu suwaramu dak kira suwara Sulaiman
Pangangen-angenku mung pingin ketemu
Ora mung merem dadi impen

Sanalika kaya wong semaput lumebu alaming pangarsa
Mati pangrasa merga tresna
Mati suri isih duwe nyawa
Semono pangaribawaning tresna

Banjur tak gagas-gagas maneh
Kena apa ora kawit biyen tresna iki thukul
Kaya wiji kang katanem lemah subur
Kasiram beninge banyu katresnanmu

Saiki kabeh dadi duwekku
Bisa tak angkah gayuhanku
Mula tak tancepake papan cilik ing atiku
Dak tulis “AKU TRESNA SLIRAMU*

15