Kaca:Sapu.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Khoirul Laila Khasanali
SMK Ma’arif 2 Wates

BANGSATE MANUNGSA

Sabamu nyang kaluputan
Ora katon saklugut tumindak apikmu
Dakkira wis palastra bebuden luhurmu
Kabeh rusak mbekasak

Kaya tumindake kancil kang licik
Oalah jebul mung semone penjangkamu
Jare dhemen tetulung ananging kok menthung
Janjine setya jebulane kabeh mung cidra

Dasar lambe lamis.
Kelakuane ora ana sing wasis
Tumindake saya wengis
Solah tingkahe nylekuthis

Manungsa padha sipate kewan
Ana kalane julig, ana kalane welas
Ora beda kaya kancil
Luwih licik lan mesthi melik

Wus tak tampa laku bangsatmu
Sanajan ora tak gagas ora tak wales
Dhazar licikmu kaya kancil
Kang tansah ngumbar nepsu

Kepriye ndandani bangsate manungsa
Malah bungah weruh wong Hiya susal
Ora nges ora mentes mung padha kenes ora ethes
Mung kementhus ora becus

14