Kaca:Sapu.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Duh Gusti
Paringana sabar
Muga ana crita rinajut endah
Sacuil pangapuramu uwis tak tampa
Nanging tetep tak tunggu tekamu

KATRESNAN

Tresnaku marang sliramu
Ora bakal uwal seka jroning ati suciku
Tumemplek ing ati
Kebak pangarep-arep ing dhadha
Aja nganti katresnan lan ketulusan dadi sem.
Nyatane atiku mung kangeo atimu
Neganti Cunthele uripku....

Aku kepingin tansah sumandhing sliramu,
Bebarengan ngadhepi lelakoning urip iki
Madhangi wengiku, ngancani sepiku

Tresnaku bening lan suci
Aja nganti tok cidrani
Sliramu sumber panguripanku

Tansaya suwe tansaya subur rasa katresnanku iki
Kudu tak jaga rina lan wengi
Mung pengestumu sing tak suwun
Muga tansah kabul pangajabku

13