Kaca:Sapu.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Intan Kusuntia Hapsari
SMA Negeri 1 Gamping

JAMAN SAIKI

Jaman saiki akeh manungsa kang murka Padha ngapusi sakpadha-padha Sifat becik uwis sirma kepangan jaman Sak iki akeh uwong ala Mbubrahake ati sing becik Kabeh mblenjani janji Seneng ndelok wong sengsara Manungsa saiki padha kaya kewan Rikala dhemen ngapusi, drengki lan srei Wis padha kelangan ati becik Akeh manungsa ora nduweni ati Lan mbobrokake donya

SEPI ING ATI

Pasuryanmu sing bening Ninggalake rasa sepi ing ati Aku mung bisa nyawang awakmu saka kene Lungamu saka atiku tansah agawe cuwa Ora ngira gawe atiku tugel

Wayah bengi ing antaraning gumrisiking alang-alang Padhange rembulan, akehe lintang-lintang Aku mung bisa mbayangake awakmu ana ing kene

Ngisi sepiku mambani kangenku

12