Kaca:Sapu.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Eko Novianto
SMK Mulnninadiyah 2 Wetes

KANCIL LAN MUNYUK

Lelakonmu kaya kancil lan munyuk
Seneng tukar padu ngapusi kanca dhewe
Nanem sengit ngrabuk serik
Wales winales tan ana enteke
Yen lelakon menungsa kaya kancil lan munyuk
Ora bakal negara iki mulya

IR SUKARNO

Panjenengan wani mbela nagara
Kaya Anoman kang ora wedi mati mbela bebener
Panjenengan nglawan Landa toh nyawa
Asipat sabar nggalang karukunan nuswantara
Amarga perjuangan panjenengan negara mardika

TRESNA

Tresnaku putih memplak
Ora kecampur barang ala
Tresnaku suci
Ing telenging ati
Murub angel dipateni
Tumemplek angel diilangi
Lan tresnaku kuwi
Langgeng

11