Kaca:Sapu.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

TRESNAKU ING SAKGELAS BANYU

Tresnaku marang sliramu lowih akeh tinimbang banyu kang kok ombe
Amubal kaya geni, ora ana kang bisa mateni
Kasetyanmu murub madhangi ati
Tresnaku uga tansaya subur marang sliramu

Kaya dluwang putih lan suci
Kaya banyu ing tisu
Rumambat saka jroning kalbu
Tresnaku ora bisa wutah kaya banyu kang kaombe

Geni tresna kang mubal jroning ati
Mung bisa mati nalika sliramu nglarani ati
Lan nabet ati iki
Krasa perih nggegirisi

10