Kaca:Sapu.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Fredita Istijarningsilt
SMA Negeri 1 Sentala

MANUNGSA KAYA KEWAN

Ana crita kancil karo kethek
Padha seneng ngumbar ukara
Kaya manungsa ing donya
Kang padha doyan ngumbar ilat
Kancil lambene lamis tipis
Kaya manungsa kebak culika
Kancil ngapusi kethek agawe murka
Kayadene kayu kobong dadi latu
Kethek ora trima dadi mala
Gampang dedreg tan bisa ngapura
Manungsa uga karem padu marang pepadha
Ora beda kewan ro manungsa
Kabeh ngusak tentreming donya
Manungsa mung bisa ngumbar janji
Kebeh omongan di mblenjani
Mung bisa golek memala
Ora gelem neilo githoke dhewe
Ing endi saiki atining mamungsa?

9