Kaca:Sapu.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Nanging alam mung bisu
Meneng amem ndelok srakahmu
Wengakna atimu kanggo alam
Papan siji-sijine sumber panguripanmu

JASA

Guru
Lakumu kaya banyu
Lumebu ing selane watu
Ajeg-jejeg tanpa mandheg
Nukulke wiji landhep

Guru
Sliramw laku utama
Gawe seger kembang setaman
Tansah wewarah asih kamulyan
Segaraning ngelmu

TULADHA

Arjuna
Bisa ditiru bebudene
Satriya Alus tumindhake
Ora gigrik marang kabeh lelakon
Ora wedi marang pati
Kanggo ngabdi nagari

8