Kaca:Sapu.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Autologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Vindi Taviana Putri Wibowo
SMA Negeri 1 Gamping

DRENGKI

Kancil kang licik
Kakehan ngimbu dosa
Negepudag sapa wae
Mula tulusing ati
Tan bakal tinemu

Sing sangsara ora trima
Atine kethek wis kobong
Negeres nganti bolong
Saya krasa mbentoyong
Lan mung bisa ndomblong

Kancil kang kebak drengki srei
Ra bakal bisa kewales
Kethek kang tansah lara ati

RASA

<poem>
Langit nyawang
Kabeh kang wis kedaden
Langit nyekseni kabeh lakon
Langit nyawang kabeh kelakon kang wis kedaden

Ora salah yen alam nesu
Merga polah tingkahing manungsa sembrana
Coba yen alam bisa celathu
Tak obrak-abrik entek panggonan uripmu

7