Kaca:Sapu.pdf/201

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

  1. Esai sawijining babaring (ekspresi) saka opinine penulis.
  2. Esai saya becik/apik yen penulise bisa nggabungake fakta karo imajinasi, kawruh (pengetahuan) karo rasa (perasaan) sing selaras.
  3. Esai bisa dibedakake adhedhasar kualitas, jinis, dawa-cendhake, cakrik/ gaya, lan subjeke.
  4. Esai wujude bisa prasaja (sedherhana) utawa rumit (kompleks), sanajan mangkona kabeh bakal nuduhake sawijining opini pribadi saka asiling analasis (panjinggleng) sing pungkasan.
  5. Esai ora mung nuduhake fakta utawa nytitakake sawijining pengalaman, nanging esai uga nyelipake opinine si penulis ing antarane fakta-fakta lan pengalaman kasebut.
C. Subjek Esai
  1. Apa sing bisa ditulis? Apa bae! Bisa nulis maneka warna topik: kekancan (persahabatan), politik, sepatu, dedel es cao, wayang, kethoprak, lsp.
  2. Penulis esai kudu bisa mangerteni kanthi sabenere apa sing bakal ditulis, supaya tulisane bisa dipertanggungjawebken. Upamane: bab kluwarga, kekancan, mangan, Teregan saya larang, wong kesrakat saya akeh, lsp.
  3. Penulis esai kudu akeh referensine saka maneka warna sumber.
  4. Nulis esai salaras karo apa sing dadi kabisane saya Nggampangake anggone nulis, marge yen mangerteni kanthi jembar masalahe.
  5. Tulisan esai sing becik menawa bisa nyempa! karo sing biasa ditulis wong (unik).
  6. Penulis esai kudu adhedhasar apa sing dipikirake, ora mung apa sing dirasakake, Esai sing becik kudu
188