Kaca:Sapu.pdf/200

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NULIS ESAI BASA JAWA

(AJA WEDI-WEDI YEN WANIL, AJA
WANI-WANI YEN WEDI)

Dhanu Priyo Prabowo

A. Purwaka

  Nulis kuwi gaweyan sing kebak kasenengan, amarga nulis awak dhewe bisa mbabarake/nglairake angen-angen utawa pepenginan marang wong liya (para maos). Sajroning nglairake gagasan, saben wong sing padha nulis migunakake basa apa bae (kalebu basa Jawa). Gagasan sing diwedharake lumantar tulisan bakal langgeng/lestari lewih suwe tinimbang karo gagasan sing dilesanake. Awit saka iku, nulis iku kalebu kabudayaning manungsa sing luhur lan dadi titikane wong luhur. Bangsa sing ora duwe kabudayan tulis bakal ora langgeng amarga gampang katerak dening mobah-mosiking kahanan lan jaman.

  Nulis esai dadi salah sijining kabudayan sing penting amarga bisa medharake apa sing diangen-angen adhedhasar opini, argumentasi, topik, penalaran, Isp becik. Kuwi mau kabeh bisa dilairake nganggo basa Jawa. Basa Jawa kuwi kalebu basa sing bisa kanggo mbabarake ilmu pengetahuan, Nulis esai ngangeo basa Jawa iku kalebu nglestarekake basa Jawa lan kabudayan Jawa.

B. Dhasar Esai

  1. Esai ora mung rekamnan fakta-faka saka asalining pangentha-entha (inajinasi).

187