Kaca:Sapu.pdf/202

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bhasa dan Sastra Jawa 2012


duddhasari dening opini, lan opini sing becik didhasarake karo apa sing dipikir lan dirasakake.


D. Opini sing Nengsemake/Menarik

  1. Sadurunge nulis esai kudu duwe opini.
  2. Opini sing nengsemake adhedhasar pepenginan (minat), merga bisa mangerteni kanthi luwih tumemen saengga ggampangake anggone nulis.
  3. Opini sing becik kudw sing unik.
  4. Opini sing unik ora mung “waton sulaya”, apa maneh yen nganti ora jujur.
  5. Jujur kuwi dhasar utamane esai, yen esai ora jujur mesthi bakal kawiyak wadine dening sing padha maos (embuh kapan).
  6. Esai bisa disebut “gagal” menawa ora ana argumene. Analisis pungkasan saka sawijining esai kuwi sing disebut argumen. Analisis pungkasan iku sing dadi opinine Penulis esai ngenani sawijining topik sing unik (beda karo sing wus ana).
  7. Topik esai pancen kudu awujud argumen, hanging argumen kasebut kudu sing wegig (cerdhas) lan pinter. Esai sing becik bisa nuntun sing maos bisa mangerteni dudutane/simpulane apa sing wus ditulis. Dudutan ora kudu dicethakake nganggosub bab, Bisa langsung mlebu ing paragraf pungkasan. Dudutan sing, becik yen bisa nggamibarake kanthi cetha trewaca (sistematis) apa sing wus ditulis.


E. Dudutan

  Aja wedi kangelan amarga saben kangelanmu bakal diganti dening Sing Maha Kuwasa. Mangkono unining Sabda Suci. Nulis sai nganggo basa Jawa bisa uga kalebu prakara angel, jalaran ora tau dianggo lan dilatih. Lumantar adicara iki, mbaka sethithik

189