Kaca:Sapu.pdf/199

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

  Mung wae, ana ing Bengkel Sastra iki, mbok menawa bisa kanggo tamba ngorong ing gurung. Ing tingkat SLTA, bisa dadi punjere basa Jawa bisa ngrembaka, lan ora bakal ketekan jaman, basa Jawa bakal mati lan entek, amarga generasi mudhane wis pindhah marang basa Nasional (Potentialty Endangered Language).

  Poma di poma, supaya basa Jawa bisa tetep dadi lelandhesan para siswa, lan bisa gawe mongkog, mulane carane mulang ya kanthi modheren. Nganggo cara Edukasi lan Entertainment (Edutainment), supaya para siswa seneng lan duwe kawigaten.

  Iki pancen ora gampang, manging bisa kanggo tetimbangan, supaya para siswa gelem nyinau basa Jawa, uga nulis. Supaya bisa basa Jawa tetap lestari lan terus ngrembaka. Sebab, menawa para siswa mung seneng basa Jawa, nanging ora tumandang nulls, lan nyebarake pikitane kang mbok menawa dadi ide kang lantip lan sigit. Mungguh endahe lan nyenengake menawa bisa miaku bebarengan. Antarane gelem nyinau basa Jawa, uga bisa nulis sastra Jawa. iki kang kaajab lestari lan ngrembakane basa Jawa.

  Kabeh pancen kudu diwiwiti, Ora mung di angen-angen. Saka kang cilik, dina iki, terus di tulis, Iku kang baku. Supaya kabeh bisa dadi kasunyatan, ora mung ana sajroning impen. Sing penting tumandang. Aja wedi salah. Nuwun.

Padhepokan djagat djawa, Magelang, April 2012

186