Kaca:Sapu.pdf/198

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Iki pancen dadi pemikiran kang ora gampang, kanggo tetep lestarine basa Jawa, tumrape ana kalangan siswa, kang bakal dadi gulungan wektu, bisa ngrembaka apa matine basa Jawa. kamangka mbangun budi pekerti, sopan santun, unggah-ungguh sing di kandhut ana basa Jawa, jelas-jelas kebentur kasunyatan kiang ana. Apa maneh ing Kurikulum Tingkat Stuan Pendidikan (KTSP), marakake Kegiatan Belajar Mengajar (KBM) mung kaya melu iline banyu kali, kurang bisa gawe senenge siswa, monoton, lan njuwarehi.
Kamangka, basa Jawa iku uga mujudake kearifan lokal (local wisdom),anggone sinau lan mulang bisa midak bumi, milah lan milih, katimbang mung nengenake teori linguistik, kaku lan baku. Sebab, ana tangane para Siswa saka SD tekan SLTA, iki kang bakal dadi panjurung basa Jawa tetep lestari apa mung dadi crita samangkone, kena virus jaman (endangerd language). Iku kabeh mujudake prinsip-prinsip kang paling cedhak kang kudu dilakoni, supaya kabeh bisa lumaku kanthi jejeg lan ajeg.
Kang diprangguli ana kasunyatan iki, keluwarga lan sekolah pancen dadi punjere basa Jawa kelangan panggonan. Coba, sauwise ana Ujian Nasional (UN), basa Jawa kayane mung kanggo pelengkap penderita utawa abang-abang lambe (lipstik) wae. Keluwarga, utawa sekolah luwih ngoyak biji pelajaran kang kanggo bahan UN, basa Jawa babar blas ora tau digatekake. Malah-malah kepara ditinggalake, menawa meh wektune arep dindina UN. Iki pancen gawe ati miris, nanging kudu kepiye maneh. Alam lan jaman pancen lagi padha ngoyak kelulusan, uga ngoyak gengsi. Sapa sing salah?
Siswa lan wong tuwa ora bakal isin lan terus bingung, menawa basa Jawa entuk biji elek, lan ora bakal terus mikir bakal ngundang utawa melu les pelajaran basa Jawa. amarga basa Jawa ora bakal melu UN, uga ora bakal bisa gawe lulus lan orane. Pancen basa Jawa ana tengah-tengah ara-ara jaman. Nanging pancen kudu kaya mangkono.

185