Kaca:Sapu.pdf/197

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

masarakat jembar kang nyata. Sajroning kabudayan, bisa tumurun ana ing alam pasrawungan, antarane keluwarga lan nguri-uri kang kudu tetep di upadi supaya tetep lestari.
Jaman pancen wis gingsir. Basa Jawa mung kaya barang kang wis ketinggalan jaman utawa jaman dulu (Jadul). Dadine basa Jawa mung minangka alat kelangenan (primordial) wae, durung nganti tekan kebutuhan, uga melu handarbeni (sense of belonging).
Saengga modernisasi minangka kanggo alasan menehi kalodhangan sing jembar tumrap basa Jawa supaya kepepet, lan terus bakal minggir. Modernisasi di anggep paling utama, katimbang nggegulang lestarine basa Jawa, kang kebak pralambang kang gawe ribet para mudha lan siswa ing madyaning pamulangan. Akeh kang padha sambat, menawa basa Jawa, kakehan aturan, kakehan paugeran. Mulane, para mudha lan siswa, pancen luwih trep lan seneng menawa nganggo basa Nasional, uga basa gaul.
Kamangka, menawa ditintingi modernisasi iku kudune malah bisa nyengkuyung lestarine basa lokal (Jawa) supaya kapribadhen bangsa ora katileping jaman. Supaya bisa dimangerteni, ana ing basa Jawa, nyata-nyata bisa menehi, bisa mikir (kogintif), ngrasakake (afektif), bisa tumindak lan nglimbang (psikomotorik).
Saliyane iku, kudune ana alam modern iki, basa Jawa bisa dadi kekuatan kang banget ngedab-edabi. Sebab bisa gawe saringan kanggo nyaring budaya-budaya saka tlatah negara manca kang ora pas lan trep marang budaya bangsa iki. Kasunyatan kang dumadi ana jaman saiki, embuh iku ing donyane pendhidhikan, utawa masarakat, basa Jawa mung kaya kanggo imbuh-imbuh wae. Durung dadi bageyan kang kudu diupakara lan tetep dadi saka guru marang masarakat Jawa.
Kabeh bisa diprangguli ana ing tataran pendhidhikan. Basa Jawa mung antuk 2 jam pelajaran (80 menit) seminggu, iku wae mung isih dadi muatan lokal. Durung bisa dadi mata pelajaran kang darbe Peraturan Daerah. Mula basa Jawa ing sekolah-sekolah, uripe kaya damar kanginan.

184