Kaca:Sapu.pdf/196

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PARADOKSAL BASA JAWA
ING MADYANING PARA SISWA
Triman Laksana Bsc



Sejatine, basa Jawa iku ora mung winates ana ing linguistik wae. Nanging urut-urutane, uga gunane ora mung basa pasrawungan, nanging uga minangka mbangun karakter (caracter building) lan kapribadhen (self confident) tumrap masarakat Jawa. Apa maneh, ing jaman saiki, jaman globalisasi lan teknologi informasi, basa Jawa kayane wis kepepet ana pinggiran. Kalah karo basa Nasional, uga basa Gaul ana kalangane para siswa lan mudhane.
Mula, bisa uga sinebut minangka hegemoni makro, yaiku kekuatan saka njaban rangkah kang bisa ngendaleni minangka kedadeyan gedhe (global), nanging banget gawe lunture rasa handarbeni tumrap apa kang ana (lokal). Mulane, ora barang kang aneh, menawa basa Jawa saiki tansaya kedheseg-kedheseg, kayane wis kelangan papan lan panggonan ana ing madyaning masarakat Jawa dhewe.
Kabeh pancen wis kelakon, embuh dirasa kanthi sadhar apa ora. Nanging kasunyatan sing ana, masarakat Jawa dhewe, basa Jawa wis ora dadi basa pesrawungan, uga ana ing tengahe keluwarga. Yaiki sing marahi basa Jawa iku rumangsa kelangan jejege ing paugeran utama. Kamangka, basa Jawa iku, sejatine ora mung awujud basa kang minangka alat komunikasi wae. Nanging bisa gawe lan menehi kapribadhen kang luhur tumrap paraga, uga

183