Kaca:Sapu.pdf/195

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Tugase wong tuwa, yen anake wis omah-omah, mung kari ndongakake anak putune uripe luwih kepenak lan luwih begja seka wong tuwane. Apa meneh dongane ibu, ridho Allah yaiku ridho ibu. Pokoke, ibu kuwi wong sing paling mulya (apik) atine. Wiwit awake dhewe isih ing njroning guwa garbane tekan awake dhewe tuwa. Ibu nalika nglairake awake dewe wae wani utawa gelem ngorbanake nyawane. Amarga kepengin nglairake awake dewe ing donya iki. Ibu nggembol awake dhewe menyang endi-endi sajroning 9 sasi 10 dina kurang luwihe. Ora sambat, kabotan utawa bosen.
Ibu-ibu mbobot kuwi kaya mesakake. Kaya kabotan apa kaya ora kuwat nggembol. Arep mlaku wae rasane aras-arasen, nanging ibu-ibu mbobot ora ngrasakake kuwi, sing dipikirake bisa njaga kandhungane, lair kanthi sehat lan genep. Ibu-ibu nalikane nglairake anake ora ngrasakake lara, kamangka satemene lara banget. Rasa lara kuwi ora krasa amarga pirsa anake lair kanthi sehat lan diparingi sifat genep. Ibu sing bubar nglairake ora pareng obah-obah dhisik. Nanging ora patiya dipaelu, enggal kepengin mirani putrane.
Kesuksesan kuwi harapane wong tuwa. Ana alunan donga sing endah saka wong tuwa, lan wong tuwa lila dadi wong mlarat kanggo anake. Wong tuwa rasane wareg yen pirsa kecukupan.
******

181