Kaca:Sapu.pdf/194

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MUMET
Nur Anissa Puji Rahmawati
SMK Negeri 1 Kokap



Bocah jaman saiki senengane nggunakake dhuwit sakgeleme dhewe, ora eling karo wong tuwane, piye susahe utawa rekasane anggone golek dhuwit. Ngertine mung njaluk dhuwit kudu ana utawa kudu diwenehi. Yen ora diwenehi biasane banjur nesu utawa wegah sekolah. Pola pikir ngono kuwi salah. Nanging piye carane supaya bocah sakiki padha mangerteni: golek dhuwit kuwi angel utawa rekasa? Mula, bocah diajari nyambut gawe, supaya ngerti rekasane wong tuwa anggone golek dhuwit.
Tumrape bocah wedok diwulang ngewang-ngewangi masak, ora ketang mung nyiapake bumbu, mengko sing ngrampungake ibune. Kejaba kuwi didhawuhi asah-asah, nyapu, mberes-mberesi omah, lan ngumbahi. Yen wegah ngumbahi agemenae wong tuwane, saora-orane ngumbahi duweke dhewe. Iku ngelongi beban wong tuwane.
Wong tuwa seneng yen anake gelem ngewangi merga pirsa yen putrane bekti lan manut. Wong tuwa satemene ora remen pirsa yen nganti putrane rekasa utawa kangelan. Wong tuwa. kepengin anake luwih kepenak uripe utawa luwih sukses timbang dheweke. Panyuwune wong tuwa mung siji: putrane sukses, uripe kepenak, yen wis omah-omah tentrem, lan duwe anak-anak uga sing bekti lan sholeh utawa sholehah marang wong tuwane.

180