Kaca:Sapu.pdf/193

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

nganggo basa Indonesia lan basa gaul. Sebabe, padha luwih seneng omong nganggo basa indonesia, awit basa iku dianggep luwih gampang lan "keren". Nanging, satemene iku ora pantes amarga bocah dadi lali lan wegah sinau basa Jawa, apa maneh guneman nganggo basa Jawa kang alus. Awit saka iku, tugase wong tuwa kudu sregep ngelingake anak-anake supaya ora lali karo unggah-ungguh basa Jawa.
Kepiye carane supaya basa Jawa "menarik" utawa disenengi para bocah enom? Carane, kudu dadi "pacare basa Jawa". Maksude, luwih serius anggone kenal karo basa Jawa. Bisa dipadhakake karo yen duwe pacar, kudu kenal luwih temenan karo pacare. Awak dhewe iya kudu mangkono supaya awak dhewe luwih ngerti lan bisa duwe tatakrama lan basa Jawa sing becik. Pacaran karo basa jawa bisa nambahi ilmu. Carane liyane supaya bocah enom seneng sinau basa Jawa bisa lumantar pamentasan drama basa Jawa utawa pentas seni kabudayan Jawa liyane.
"Pacaran karo basa Jawa" ora mung pacaran karo wong sing ditrenani wae nanging pacaran karo basa Jawa iku uga penting. Pacaran karo basa Jawa ora mung nggoleki senenge bae, jalaran saka tumindak kaya ngono mau bisa oleh pengalaman lan ilmu. Mula bocah enom saiki kudu diwulang migunakake basa Jawa sing bener lan tatakrama sing becik. Tontonan ing TV kudu dikurangi supaya bocah ora dadi korban iklan ing TV, sarta tembung-tembunge sing aneh ora ditiru dening bocah enom jaman saiki. Bocah enom saiki kudu tetep tresna marang basa Jawa.
******

179