Kaca:Sapu.pdf/192

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

marang wong tuwa mesthi nganggo basa krama alus lan eling marang tatakrama.
Bocah sing ora nduwe tatakrama bisa dititeni saka polah-tingkahe, kebiasaan ing omah lan carane omong, katon yen bocah sing lali tatakrama. Tembung-tembunge kasar lan ora pantes biasa dienggo bocah saiki. Senajan ora kudu nganggo basa Jawa krama. mesthine kudu tetep nggunakake basa sing pantes kanggo guneman. Nanging, yen bisa nganggo basa Jawa kang alus. Basa Jawa sejatine basa kang unik lan kapenak dienggo guneman, nanging bocah jaman saiki ora padha ora mangerteni. Katimbang basa Inggris lan liya-liyane, basa Jawa luwih kepenak. Emane, bocah-bocah anom padha ora gelem sinau basa Jawa. Satemene, akeh wong-wong saka negara liya padha kepengin sinau basa Jawa, nanging suwalike kenangane apa awak dhewe sing duwe basa Jawa ora gelem sinau basa ibu duweke awakwe dhewe?
Tatakrama iku penting ora mung kanggo gunenaman marang wong tuwa bae, nanging tatakrama perlu kanggo pergaulane para bocah. Bocah iku kudune ora mung sopan karo wong sing luwih tuwa, nanging marang para kanca saumurane. Menawa awak dhewe sopan marang wong, awak dhewe bakal disenengi karo wong akeh. Kanggo mupuk tatakrama, awak dhewe kudu golek conto wong sing duwe kang apik tatakramane. Bocah-bocah jaman saiki ora peduli karo tatakrama basa lan polah tingkah sing apik, amarga pergaulane bocah jaman saiki bebas, omongane padha kasar lan neka-neka. Biasane, basa-basa kaya ngono iku dening bocah-bocah dijenengi basa gaul lan "alay". Lan sing lagi terkenal saiki basa "kamseupay". Basa kasebut tegese "Kampungan Sekali Udik Payah" lan dianggo ngelokake kancane yen anggone guneman utawa klambine jadul. Basa kamseupay satemene ora mutu lan mung gawe lara ati. Tembung-tembung "kamseupay" sabenere kasar, nanging padha ora ngerti.
Yen dirungokake nalikane lagi padha omong, upamane "loe-gue", kaya kang biasane dienggo guneman wong-wong ing Jakarta. Bocah-bocah enom ing Yogyakarta luwih seneng omong

178