Kaca:Sapu.pdf/191

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PACARAN KARO BASA JAWA
Felisita Ella Krisyanti
SMK Taman Siswa Nanggulan



Miturut bocah-bocah, kabudayan Jawa dianggep kuna. Awit saka iku, jaman saiki bocah-bocah padha ora duwe tatakrama. Apa maneh yen omong marang wong tuwane padha ora nggatekake tatakrama basa lan sapenake dhewe. Basa sing dienggo senajan ora becik nanging tetep padha digunakake, wong tuwane uwis padha ngelingake nanging bocah-bocah ora padha nggatekake basa sing samestine digunakake. Peran wong tuwa iku penting kanggo ngajari bocah supaya ora lali tatakrama lan basa kang becik marang wong liya.
Saben dina bocah-bocah polah-tingkahe ora becik. Akeh sing padha melu-melu turis kang ana ing Yogyakarta. Apa maneh ing Yogyakarta akeh turis asing sing padha omong basa Inggris, iku sing nyebabake bocah padha melu-melu nirokake gaya basane lan liya-liyane. Jaman saiki angel nemoni bacah sing isih duwe tatakrama kang becik. Ing sekola basa Jawa samestine dadi pelajaran utama kanggo mupuk jiwane bocah supaya ora lali marang budaya Jawa lan unggah-ungguh basa.
Basa sing dienggo jaman saiki katon aneh, utawa biasa disebut basa gaul. Ora nggumun yen bocah saiki ora nggunakeke basa Jawa alus marang wong tuwa. Nanging, yen bocah sing diwulang tatakrama saka cilik marang wong tuwane, saben matur

177