Kaca:Sapu.pdf/188

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAPU


ulawa niru saking wong tuwane dhewe. Ana meneh bocah umur 6 tahun bisa ngentekke 5 bungkus rokok sedinane. Kasus perokok balita ora bakal kedadeyan ing negara sing dhuwe aturan. Pemerintal Indonesia kurang tegas ngatur rokok. Ana undang-undang, ngapa kek ora dienggo? Neerti ana kasus kok ora ditindak? Lha kuwi titik lemah ing negri iki. Apa-apa sing dipikir pejabat mung dhuwit, masyarakate ditelantarke.

  Miturut survei Sosial Ekonomi Nasional 2005-2006, kurang luwih 7-8 persen keluarga miskin ing perkotaan dadi perokok. Pengeluaran mingguan kangge rokok luwih pedhe 22 persen katimbang pengeluaran kanggo tuku beras sing mung 19 persen. Wong-wong mau nganggep rokok iku obat kangge penenang pikiran.

  Pabrik rokok ing indonesia dadi sing penopang ekonomi negara. Sapabrik rokok bae bisa nambah dhevisa negara sing jumlahe ora setithik, apa meneh nek saiki ana akeh pabrik rokok. Saliyane dadi penghasil dhevisa negara sing paling gedhe, pabrik rokok nylametake masyarakat saka penganggutan. Ora nggumunake nek pabrik rokok ngadani beasiswa kanggo wong sing ora mampu lan atlet-atlet olahraga sing ora digatekake pemerintah.

  Pembagian beasiswa saka pabrik rakok iki dadi perhatiane pemerintah. Pernerintah sing nyetujoni anane pabrik rokok, kudu sadhar nek rokok iku salah sijine faktor mudhune perekonomian. Miturut penelitian, 3 saking 12 respondhen kandha yen rokok marakake ngrusak kesehatane masyarakat lan pengaruhe karo prodhuktifitas dheweke. Ketua Badan Khusus Fengendalian Tembakau, Widyastuti Soerojo, pratela yen pemerintah mung alesan wae lan miturut dhata saka APBN lan Dirjen Cukai, cukai mbako mung nyumbang 5 persen saka APBN taun 1997-2007.

  Tau ara kasus lange ayat 2 pasal 113 Undang-Undang Nomer 36 Taun 2009. Aku prihatin banget ing negara akeh prakara sing saya ora cetha. Lha kon piye, Undang-Undang, sing, wus digawe kanggo ngatur malah ilang tanpa jejak. Saiki pemerintah nggoleki

174