Kaca:Sapu.pdf/189

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

apa sebabe ayat 2 pasal 113 mau ilang. Masyarakat anti rokok wus protes karo DPR sing dicap masyarakat dadi mamiak hukum.

  Sakwise kasus ilange ayat 2 mau, sing ngrokek lan dedolan rokok dadi akeh banget. Ing ngendi-ensi wae ana sing dodolan rokok, kayata ing bis, papan wisata, kereta, pinggir dalan gedhe, kapal, lan Isp. Indonesia saiki wus dijajah karo sing jenenge rokok (tanpa disadhari).

  Rokok kuwi kan malah sumber penyakit, bahan sing kanggo. nggawe rokok bae ora bener, Rokok ngandhut unsur sing ora apik kanggo perokok amarga ana unsur-unsur sing marakake kanker paru-para. Penganah rokok luwih parah tinimbang heroin. Siji batang rokak wae ana 4.000 unsur racun. Ora mung kuwi keluke rokok ngandhut bahan racun kayata, Bahan radioaktif (polonium 201), Metanol (alkohol kayu), Acetone (bahan dhasar cat), Ammonia, Naphthalene (obat kanggo gegat), Formaldehida (bahan sing nganggo ngawetake mayit), DDT (racun kanggo serangga), Arsenic (racun anai-anai), Hydrogen cyanide (racun sing kanggo eksekusi mati “kamar gas maut"), Nikotin, Tar, lan CO (karbon monoksida yaiku racun sisa saka pembuangame mesin).

  Racun-racun mau yen mlebu awake perokek ngrusak organ-organ awak, kayata ganpgun jantung, gapal ginjal, kanker lambe, kanker paru-paru, kanker pankreas, lan Isp. Sedina ngonsumai 4-5 rokok bisa wae kena kanker lambe. Miturut penelitian, 90 persen perokok sejati ngalami kanker paru-paru sing stadhiume werna-werna.

  Yen wus ngrokok, racun wiwit manggon ing organ-organ penggunane. Saya akeh anggone ngrokok, saya akeh racun sing numpuk, Yen racun saya akeh, organ sing kena sepisanan ati lan ginjal. Nek ngerokok marakake luwih cepet tuwa ditambahi penyakit-penyakit sing nyarang ing awak.

  Penyakit sing mbebayani mverga rokok ora liya kanker paru-paru. Keluke rokek saka mbako ngandhut zat kimia sing nyebabake kanker paruparu lan nyebabke matine si perokok, Perokok sing kena kanker paru-paru duwe kadar hidroksilase

175