Kaca:Sapu.pdf/187

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ROKOK PENTHUNG SAKTI

Angga Sulehan Saputra

SMA Negeri I Minggir


Yen kowe ngobong dhuwit, mesti dikira edan.
Terus apa bedane yen ngobong dhuwit karo ngobong rokok?

  Rokok iku barang cilik lan sepele nanging bisa dadi tiket menyang alam kubur. Rokok bisa menggrogoti awake sing udud ganti mati. Rokok bisa mateni perokok aktif utawa pasif. Perokok pasif, yaiku manungsa sing ora ngrokok nanging kena keluke rokok langsung saka perokok aktif (sing ngrokok). Saking akehe sing ngrokok, pemerintah banjur gawe undang-undang bab rokok lan mbangun fasilitas ruang khusus kanggo perokok.

  Indonesia kaya dene surgane perokok. Wiwit sing ora mampu tekan sing mampu saben dina ngrokok, Rokok pancen regane murah, nanging pengobatan akibat saka rokok bisa nekak gulu utawa larang banget. Ing fasilitas umum sing ana tulisane “Dilatang Merokok” lan “Area bebas rokok" wae isih ana sing ngerokok.

  Jaman saiki, rokok dadi barang favorit ing kalangan pelajar. Saka pelajar SMP nganti SMU akeh sing wus akrab karo rokek, Kasus sing paling memprihatinke ana balita uwes mgonsumsi rokok. Faktor-faktor sing marakke balita ngonsumsi rokok merga wulangane wong tuwane lan lingkungan ing sekitare. Bisa wae balita iku niru-niru kancane sing gedhe sing padha ngerokok.

173