Kaca:Sapu.pdf/186

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAPU

lemari ora nganggo malam amanging bisa nganggo cat utawa piranti liyane.

  Apa sing nggawe bathik iku katon istimewa? Bathik katon istimewa armarga teknik pewarnaan sing bener lan pengrajin bathik sing luwes lan ulet. Motif ing Indonesia ora mung motif tradhisional ananging uga motif kreasi lan modherhn. Mula jaman saiki akeh sekolah sing mbukak jurusan bathik supaya para pemudha bisa nyinau apa iku bathik. Saengga para siswa sing wis lulus bisa nglanjutake ketrampilane mbathik ing ngomah uga bisa ngasilake karya. Para siswa uga bisa mbukak usaha ulawa lapangan kerja kanggo masarakat liyane. Kajaba kanggo golek penghasilan siswa kuwi mau uga bisa ngelongi jumlah pengangguran ing Indonesia. Saengga perekonomian Indonesia bisa maju lan masarakate bisa makmur lan gemah ripah loh jinawi.

  Bathik bisa digabung karo bahan-bahan liyane. Upama kain bathik digabung karo kain poles, Bathik bisa ditemokake ing ngendi wae amarga bathik saiki wis berkembang, Usaha indhustri bathik ora mung ing pabrik-pabrik gedhe, ananging uga ing perumahan. Masarakat Indonesia lekas ngembangake indhustri bathik sakwise duwe hubungan sing jembar karo negara-negara luar sing sipate dagang lan kebudayaan.

  Kegiatan industri bathik ing Indonesia wektu jaman walanda ngalami kemunduran, amarga kedesek karo mlebune maneka warna jinising tekstil sing ora bathik karo sclera pawarnaan bathik sing menarik lan rega sing murah nyukupi kebutuhan.

  Mula saka saiki awake dhewe kuclu bisa bangkit supaya perekonomian Indonesia bisa stabil. Bathik iku salah sawijining barang prodhuksi sing bisa nggawa Indonesia maju ing manca negara. Mula kita para pemudha kudu bisa nglestariake bathik supaya ora dijupuk bangsa liya.

172