Kaca:Sapu.pdf/180

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

karo kanca-kancane. Amaraga akeh dolanan modheren kuwi mau sing luwih nyenengke. Kabeh perangkat modheren npernbangke pangentha-enthane anak. Lumantar Hi? bisa korvunikasi tanpa perlu ketemu langsung, Dadi rasa sosiale bocah jaman saiki rada kurang. Dolanan tradhisional iku dudu dolanan sawantah, nanging warisane leluhur sing kudu dilestarcke. Akeh gunane dolanan tradhisional iku. Apa delanan tradhisional kuwi kudu ilang, amarga perubahan jaman lan globalisasi? Kamangka dolanan tradhisional iku becik kanggo mulang moral putra-putri.

Neng ngisor iki contone dolanan anak jawa jaman biyen. Foto-foto ing ngisor iki mungkin bisa dikenali generasi towa ulamane generasi taun 1970-an. Generasi sing laire saangisare taun 1970-an bisa uga wus ora kenal maneh karo dolanan iki.


Ing foto kuwi katon rasa sayuk (kebersamaan), rasa sing dadi sing dibutuhke bocah-becah cilik jarman biyen. Kanggo ngadhepi susahing urip, perlu rasa sayuk. Dolanan tradhisional kuwi mujudake kekancan sing padha-padha mbutuhake, ora bisa urip dhewe-dhewe, Dolan kuwi nggambarake yen manungsa kuwi makluk sosial. Dolanan kasebut uga mbutuhake kontak fisik sing intensif. Kontak fisik ing jaman modherhn dadi ora penting amar-

166