Kaca:Sapu.pdf/179

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DOLANAN TRADISIONAL
Arwning Sekar Sukrani Candra Dewi
SMA N 1 Kalasan

Jaman saiki wus angel ketemu bocah-bocah cilik padha dolanan aneng ngemperan ngarep ngomah, playonan ing latar Agomah. Jaman biyen biasane bocah-bocah cilik bali sekolah langsung padha ngumpul dolanan bareng ing latar ngemah. Nanging, jaman saiki luwih milih nonton TV ing ngomah. Wus ora ana meneh sing dolanan engklek, gatheng. kothokkan, dodolan, Isp. Acara TV sing ditonton durung mesthi pas karo umure. Film diwasa ditonton bocah remaja sing durung cukup umur, [ku bisa ngrusak morale anak bangsa. Diolanan play station luwih menarik tinimbang dolanan tradhisional. Koneksi internet Wus akeh digoleki ing desa-desa. Jejaring sosial disenengi sapa bae, ora mbedakake kalangan lan umur. Warnet-warnet saya nyengkuyung fasilitas internet lan game online,

Mungkin dolanan anak mung kari dadi artefake jaman moden. Ing jaman modheren akeh bocah-bocah sing durung kenal ulawa ora mangerti karo dolanan tradhisional. Bisa uga amarga ora punane,

Pemikirane wong saiki saben jaman dolanan kuwi beda-beda. Perkembangan jaman sing dibarengi perkembangan ilmu pengetahuan lan teknologi gelem ora gelem wus nyingkirake budaya lan dolanan tradisional. Ngrembakane teknologi marakake

bocah-bocah rumangsa ora perlu dolanan lan ngumpul meneh

165