Kaca:Sapu.pdf/181

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ga kabeh kui bisa diganti ngangga SM5, telepon, lsp. Kontak fisik ora bisa diganti ngangeo SMS utawa telepon, SMS lan telepon ora bisa mujudake sakabehing eksistensi sing kirim utawa sing nampa. Ing dolanan, kontak fisik iku perlu banget. Semoone uga bal-balan kang kalebu olahraga utawa dolanan modheren ora bisa hinggalake peran lan interaksi fisik kebersamaan.


Dolanan tradhisional Jawa bisa nyaketake sesambungan antarpersonal amarga mbutuhake rasa sayuk sing bisa manunggalake pribadi siji lan pribadi lyane. Prakara ngono mau ora bisa diganti karo SMS ulawa telepon sing formal, ringkas, nanging ora lengkap. Eksistensine marungsa ora bisa diganti karo pambar, tulisan,

lanswara. Foto iki nuduhake sesambungan antarfisik lan jiwa antara manungsa siji lan sijine sing ora bisa diganti, luwih-luwih karo robot canggih pisan.

17