Kaca:Sapu.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

BANYU

Tisu ketetesan banyu
Banyu kang mrambat mbaka sithik neng tisu
Kayadene tresnaku marang sliramu
Kang mbaka sithik mrambat ing atimu

resnaku mung marang sliramu
Mula, yen ati iki kok Jarani
Kayadene kertas kang dichong
Bakal entek dadi awu

NEGARA

Negara ayem, tentrem lan aman
Kuwi negara sing pejabate
Nduwe sipat kaya Raden Arjuna
Pinter, sopan santun, wani, lan mbelani sing ringkih
Pinter kuwi
Pejabat kang bisa mbedakke sing salah lan sing bener
Sopan lan santun bebudene kang dijunjung
Wani nglakoni bebener
Mbelani sing ringkih, mikirake rakyat cilik kang uripe
sengsara
Emane akeh para pejabat mangan dhuwit negara

Tangeh larnun negara iki ora ana rakyat cilik sing
sengsara

4