Kaca:Sapu.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguiritai lian Esai Bengkel Bahasn dew Sastea Jawa 2013

Miftakel Thowiba
SMK Negeri 1 Pengasil

LAMIS

Kanecil cilik
Lambene lamis lan tipis
Polahe nggawe ati miris
Kabeh tingkahe culika
Mrana-mrene gawe cilaka
Gawe bobroke paseduluram

Kethek kang kapusan kancil
Uga ora ana bedane
Seneng mengkal lan atos atine
Rupane wae ngguyu sajak apikan
Nanging atine mendhem panasing mawa

Ewadene manungsa padha wae
Pinter nyandiwara
Cecet-cuet mrana mrene
Lamis omongane
Gaweyane nyandiwara
Ing ngarep, mesam-mesem
Ing mburi
Kaya obongan damen

5