Kaca:Sapu.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Mulamonad Bayo Mahendra Madubun
SMA Negeri 1 Sentolo Kulon Progo


KEWAN APA MANUNGSA

Kancil ngumbar janji
Kaya wong gedhe sing
Blenjani janjine marang
Rakyat cilik

Wis remuk kabeh atine pemimpin Negara
Bisane mung mikir awake dhewe
Sehate, kamulyane, sing mung manut wodele
Wis lali marang rakyat cilik sing
Diwenehi janji, lamis omongane

RADEN ARJUNA

Raden Arjuna watake wasis, pinter, wicaksana
Yen pejabat-pejabat kuwi sipate kaya Raden Arjuna
Mesthine uripe rakyat bakal tentrem lan makmwur
Ora ana jeneng korupsi dhuwit Negara

3