Kaca:Sapu.pdf/178

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Mula kuwi para kawula mudha, padha prihatina. Selaras karo majune teknologi awake dhewe kabeh uga kudu maju lan saya prihatin. Sing selektif anggone ngadhepi jaman globalisasi. Samubarang sing apik diopeni lan samubarang sing kirane elek aja dikanggokake alias disingkiri, paribasan bapang den simpangi. Mula, yen awake dhewe duwe gegayuhan kudu diperjuangke. Awak dhewe kabeh kudu mikir piye carane supaya kekarepan mau bisa digayuh nganggo cara sing becik. Awake dhewe kabeh kudu prihatin, kupiya sing temenan. Dikantheni niyat, lan aja lali ndedonga marang Sing Maha Kuwasa, muga sing dadi impekake awake dhewe bisa kelakon.

“Luwih becik sengsara sakiki kanggo kamulyan ing tembe mburine, katimbang seneng saiki ananging ing mbesuke durung karuwan”.

*****

164