Kaca:Sapu.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

gelar S.Pd (sarjana pendihidhikan) amarga lulus ujian kanthi usaha kurang luwih 16 tahun anggone susah payahe sekolah, wiwit sala SD, SMP, SMA, lan Perguruan Tinggi. Assigned status, yaiku pangkat amarga penghargaan, contone gelar Bapak Pendhidhikan amarga wis bisa ngajokake pendhidhikan ing sawijining panggonan,

Kapindhone, pangkat sing perlu ditiru, Awake dhewe kabeh duwe pangkat amarga usahane dhewe, usaha sing beck, kanthi temenan lan sabar, Dudu usaha sing ora becik, kaya nyuap lan sakpiturute, bebasan maju tak gentar membela yang bayar. Pangareparepe wong tuwa sing kapindho, yaiku arta utawa sugih bandha. Wong tuwa kepingin anake sugih kanthi asile dhewe, asile anggone prihatin. Nyambut gawe sing bener, semangat, lan dikantheni niyat kang manteb, Kareben bandhane sing diasilake berkah, dudu bandha sing digoleki kanthi cara sing salah.

Ketelu: winasis utawa kapinteran. Wong tuwa ndedonga kareben anake padha pinter, bijine apik nalikane sekolah. Ananging pinter lan biji apik iku mau ora merga nyonto, ngepek, lan sakpiturute, sing kitane ora sakmesthine dilakoni. Ananging, cdigayuh NZAangeo Cara sinau sing sregep, yen diwenehi PR digarap. Kejaba kuwi, direwangi melek bengi minangka wujuding prihatin, kareben sesuk yen ulangan ora kepontal-pontal. Ananging kapinteran iku mau ora mung sebates pinter anggone sekolah, nanging uga pinter anggone nata uripe dhewe-dhewe. Katelune dadi panjangkane wong tuwa kanggo anak putune. Aja nganti urip dadi wong angguran, rekasa, bodho (ora duwe ngelmu), bebasan aji godhong jati aking.

Kabeh megepokan karo tembung prihatin. Dadi, yen awake dhewe kepingin sukses aja lali marang prihatin sebab prihtatin kuwi salah sawijining srana kanggo nggayuh kekarepan. Awake dhewe dilairke ing bumi iki ora ujuk-ujuk pinter mlayu, nulis, utawa bisa makarya, Kabeh mau ana cak-cakane, kaya dene uripe awake dhewe. Urip iku ora banjur kepenak, urip ora nungkin

fanpa pangorbanan, tanpa perjuangan, teka mulya anane.

163