Kaca:Sapu.pdf/176

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

mangkono kahanan borcah jaman sakiki, Ya nek wong tuwane Tampu, yen ora banjur kepiye?

Ananging, jaman sakiki sing saben dina prihatin malah wong tuwa. Yer awake dhewe dilairake wis urip kepenak kuwi mau asile saka sapa? Kuwi mau hasil prihatine wong tuwa, Wong tuwa direwangi kerja awan-bengi, meres keringet, nglumpukake dhuwit kanggo anak, ning apa balesane? Ya ora sethithik bocah sing mung ngandelake asile wong tuwa. Ngertine mung bisa njaluk banjur kuwi kanggo foya-foya, shoping mrana-mrene, menyang salon, yen dipenging alesane mundak ora modhis. Apa memper?

Lha yen wis ngone kumau banjur salahe sapa? Sing mesthi merga wulangan lan modhel pergaulane sing salah. Wong tuwa sing ngrasa sugih dhuwit amung nyukupi kabutuhan materine anak tanpa diwenehi pitutur, kawigaten, lan sih-tresna. Anak diuja apa kang dadi kepinginane lan diduruti, sing penting anake seneng. Mula sanadyanta sugih dhuwit aja lali marang anak, dilatih geri, setiti lan ngati-ati. Sebab keluwarga kuwi anggota kang utama kanggo tuladha lan perkembangane anak.

Pergaulan uga bisa ndadekake bocah dadi slenoo marang budayane. Amarga kanca-kancane sing padha melu gaya dandanan lan kelakuwan jaman sakiki, para kawula mudha padha mung melu-melu, ora ngerti akibat ing tembe mburine. Mula awake dhewe kabeh kudu milih kanea, becike milih kanca sing ora nganeh-anehi, sing apik dikancani yen sing mbeling ya diadohi mengko mundhak malah ketularan, bebasan aja cedhak kebo gupak.

Sejatine dhasar uripe manungsa kuwi ana telu, ya kuwi sing dadi pangarep-arepe wong tuwa marang anak putune. Kapisan, wirya utawa pangkat. Wong tuwa kepingin anake duwe pangkat dhuwur ngluwihi pangkate wong tuwane. Babagan pangkat ana telung warna, yaiku ascribe status, achieve status, lan assigned status. Ascribe status, yaiku pangkat amarga kelairan wtawa keturunan, contone gelar Raden Rara amarga duwe keturuman dharah biru. Menawa achieve status, yaiku pangkat amarga usaha, contone duwe

162