Kaca:Sapu.pdf/175

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
“PRIHATIN"

DALAN NGGAYUH KEKAREPAN APA

ISIH DIANGGO?
Jena Juniasih
SMA Negeri 1 Wates

Gegayuhan utawa kekarepan iku samubarang sing diimpenake lan kudu diuapayakake. Sapa wong sing ora duwe pangimpen utawa kekarepan? Saben wong mesthi duweni kekarepan sing beda-beda, Ana sing kepingin dadi dhokter, guru, dhirektur, lan sakpiturute. Dene kekarepane wong tuwa kepingin anake padha sukses anggone makarya.

Kabeh wong mesthi duwe kekarepan sing becik, Kanggo nggayuh kekarepan mau, ana pathokan sing kudu ditindakake, salah sawijine yaiku prihatin. Prihatin iku tepese nglakoni samubarang kanthi sabar lan kanthi temen kanggo rahayuning kekarepan.

Yen ngelingi jaman biyen (jamane simbah, bapak, lan ibune) kuwi jamane wong rekasa. Ora ana wong sing turah dhuwit kaya saiki. Biyen kabeh sarwa prihatin sakabehane. Mangan apa anane, yen ana ya dipangan, yen ora ya wis. Sandhangan durung mesthi tuku, lelungan wae ya mung miaku, sing duwe pit onthel ya durung akeh.

Ananging yen delok kabanan jaman sakiki, apa isih ana tembung prihatin? Tembung sing wis luntur ketlindhes jaman global sing sarwa moderen,

Akeh bocah sing uripe kepenak, paribasan lagi mentas lair

wae wis njaluk omah magrong-magrong, dandanane moblong-moblong, klambi njaluk anyar ben ora ketinggalan jaman. Ya kaya

161