Kaca:Sapu.pdf/174

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

bab basa Jawa, ngulinakake nganggo basa Jawa ing lingkungan kaluwarga. Kuwi salah sawijine cara kang bisa kita lakoni supaya basa Jawa tetep lestari. Ing bab sandhangan Jawa, pangangone kudu trep karo budaya katimuran. Aja nganggo sandhangar kang niru budaya barat kang wis nyimpang adoh saka aturan Jawa. Kita ora kudu nganggo sandhangan wanita utawa priya Jawa kaya jaman biyen, sing nganggajarik, kemben, kebaya, blangkon, sorjan, lan sapanunggalane. Ananging kita bisa nyumbang nglestarekake sandhangan Jawa, yaiku nganggo sandhangan awujud bathik ing adicara-adicara tertemtu. Ing bab panganan Jawa, kita kudu nglestarekake ciri khas panganan Jawa, upamane gethuk, combro, geblek, peyek, gudheg, benguk, lan isih akeh liyane. Ora mong murah, nanging yo sehat adoh saka pewara, pengawet, lan zat aditif liyane.

Cara-cara kasebut menawa dilakoni kanthi temenanan, bisa gawe budaya Jawa tetep lestari. Saya kurange kualitas lan kuantitas anggone nglestarekake budaya Jawa dening masyarakat Jawa, mujudake indhikator lunture jati dhiri kejawene. Jroning situasi persaingan antarbudaya kang saya banter, masyarakat Jawa kudune luwih waspada lan eling marang jati dhirine, arta gelem nyekeli kanthi kukukh marang kearifan budaya Jawa, saengga ora njalari kedadeyan krisis jati dhiri utawa kasebat mati suri (ana nanging ora dianggep ana).


*****

160