Kaca:Sapu.pdf/173

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esaa Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

munikasi antarbudaya, apa kuwi jroning lingkup nasional apadene internasional. Akibate, masyarakat Jawa condhong dadi sinis, pesimis, lan gampang uring-uringan ing tengahing pasrawungan antarbudaya. Bab iki bisa kinawruhan saka tingkah-lakune masyarakat Jawa kang condhong tumuju negatif, kayata kasar, ora santun, lan ora tolerar.

Tansaya tipise idhentitas kejawen masyarakat Jawa bisa diidhentifikasi saka saya kurange wong kang padha migunakake basa Jawa lan apresiasine marang sastra Jawa. Kulawarga sing padha migunakake basa Jawa saya suda banget, semono uga ing lingkungan rokun tangga, apadene ritual-ritual kabudayan. Daya saing basa Jawa marang basa nasional (bahasa Indonesia) lan basa asing mundhak dina uga saya kurang. Masyarakat Jawa, miligine generasi mudhane, condhong milih migunakake basa nasional lan basa asing jroning nindakake aktivitase jalaran dianggep huwih gengsi. Upamane ana ing pegaweyan, akademik, apadene aktivitas formal liyane. Sing padha seneng marang terbitan-terbitan basa Jawa uga saya kurang jalaran generasi mudha ora padha inigunakake lan sing seneng maca nganggo basa basa,

Kahanan kaya mangkono mau uga wis myempyok sastra Jawa. Senajan para pengarang astra Jawa isih sumebar ing ngendiendi papan, nanging apresiasi masyarakat Jawa marang karya sestra Jawa ora mekar, malah saya kurang, Yen sinawang saka mekare sastra nasional lan asing, kaya saya grengsenge wong sing padha maca novel utawa film Indonesia lan asing, apresiasi Marang sastra Jawa bisa dikandhakake kethayalan.

Supaya jati dhiri lan ciri khase bangsa kita, mliginine Jawa tetep lestari, mula awake dhewe kudu njaga, ngrawat, lan nglestareake budaya kita. Akeh cara kang bisa kita lakoni kayata: (a) Kita kudu bombong/bangga/mongkog karo budaya Jawa. TeBese, ngajeni asil karya lan warisane budaya para leluhur. Aja nganti warisan budaya kang unik lan luhur kuwi luntur katlindes ajuning jaman; (b) Mbiasakake dhiri nglestareake budaya Jawa,

kayata ing bab basa Jawa, sandhangan Jawa, panganan Jawa. Ing

159