Kaca:Sapu.pdf/172

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

kuwi budaya asli Indonesia saka dhaerah Ponorago. Amarga durung dipatenake, kuwi nyebabake reyog diaku negara Malaysia dadi budayane. Kejaba kuwi negara tanggane Indonesia kuwi uga ndhaku Rasa Sayange saka Maluku. Tempe, asil budiaya asli Indonesia, diaku duweke Jepang. Apa awake dhewe ora rugi lan rila menawa budaya asli kita direbut lan dijupuk karo bangsa liya? Iki kalebu masalah kang kudu digatekake temenanan.

Budaya dhaerah, mligine budaya Jawa duwe pirang-pirang asiling budaya, kayata: bathik, geblek, kebaya, wayang, ludruk, campursari, gamelan, lan sapanunggalane. Budaya Jawa unik lan narik kawigatosane para turis manca. Akeh sing padha arep sinau gamelan, bathik, Isp. Bal iki ana sisi negatife lan positife. Sisi positife, kabudayan Jawa bisa kondhang lan dikenal ing kancah internasional, ananging sisi negatife luwih akeh yaiku nyebabake kabudayan Jawa bisa direbut lan diaku dening bangsa asing.

Yen, awake nyemak ing jaman kapungkur, budaya Jawa kadelok luwih kenthel lan mbalung sungsum ing masyarakat Jawa. Ananging, kanyatan kuwi saiki wis beda. Apa sebabe? Saya bantere frekuensi kormunikasi antarbudaya, apa kuwi kang asipat lokal, nasional, regional, apadene internasional, marakake masyarakat Jawa ana ing posisi kang kompleks. Masyarakat Jawa ora mung dituntut bisa dadi wong Jawa, yaiku ”mjawa” ing antaraning masyarakat Jawa dhewe, ananging iya kudu dadi wong Jawa kang abangsa Indonesia sarta dadi wong Jawa sing mujudake anggota masyarakat donya. Sawijining kanyatan matawa teteluning tuntutan kasebut ora bisa diakomodhasi kanthi becik lan timbang.

Ing tengah kalanganing budaya global, masyarakat Jawa terus dadi ora “jaa” maneh, masyarakat Jawa banjur kelangan jati dhiri. Mange jati dhiri kejawen kasebut nyebabake karakter masyarakat Jawa dadi ringkih. Karakter kang saya ringkih kasebut pranyata njalari tawuhe sipatala sing sambung-sinambung. Ringkihe karakter nyebabake saya kurange idhentitas lokal masyarakat Jawa. Idhentitas kejawen kang saya tipis kasebut banjur njalari

masyarakat Jawa ngalami masalah kultural nalika nganakake ko-

158