Kaca:Sapu.pdf/171

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BUDAYA JAWA MATI SURI
Pony Salimali Nurkhaffah
SMA Negeri 1 Wates



Republik Indonesia kuwi dijuluki negara kepulauan amarga cacahe pulo ing Indonesia cacahe 13.487. Indonesia kabagi dadi 33 propinsi. Saben propinsine duwe budaya, tata cara, adat kang beda-beda. Semono uga kulinere maneka warna. Apa ta budaya kuwi? Budaya, yaiku salah sawijine bagian kang penting banget kanggo bangsa. Apa sebabe? Amarga budaya kuwi kang nunjukake ciri khas lan jati dhirine bangsa kasebut. Awit saka iku, becik menawa saben bangsa gelem njaga, ngrawat, lan nglestareake budayane, supaya ciri khase tetep wutuh lan lestari. Lha, kepriye yen bangsa kita? Apa masyarakate wis njaga budaya Indonesia?
Bangsa Indonesia ing kancah internasional kondhang dadi bangsa kang sopan, ramah, lan ngluhurake adat lan tatacarane. Ananging, apa kabeh kuwi bener? Saiki, sajake budaya Indonesia malah saya luntur lan dilalekake. Budaya Indonesia wis kalah karo budaya modheren kang dianggep luwih tren dening masyarakat. Budaya Indonesia kaanggep kuna lan "kampungan". Nanging, saiki malah akeh bangsa manca akeh padha teka menyang Indonesia saperlu sinau budaya Indonesia. Lha, bangsa Indonesia dhewe apa padha gelem sinau budaya Indonesia?
Faktane wae, akeh budaya Indonesia kang durung dipatenake lan diresmekake sacara internasional. Contone reyog, Reyog

157