Kaca:Sapu.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Kesenian kang dadi kabudayan Jawa iku dadi salah sijine budaya kang kudu diuri-uri. Budaya Jawa mau bisa luntur, ora ngerti papan dununge, kepara ora dingerteni manch asal usule. Yen wis mangkono, bisa-bisa diarani kelangan jati dhirine. Banjur mayarakat Jawa padha bingung ana ngendi ilange?
Mula, yen awake dhewe ora kepengin kelangan kabudayan Jawa mesthine butuh niyat nglestarekake. Kayata, tari ledhek ing Kalangan, Bumirejo. Tarian kasebut isih padha di lestarekake dening masyarakat lan kalebu tarian kang isih lestari lan dadi kegiyatan ajeg dianakake ing sasi ruwah. Mula supaya budaya Jawa ora ilang ing masyarakat, warga kudu sadhar nguri-uri salawase. Budaya Jawa kudu dikenalke marang anak putu.


*****

156